Bangsa indonesia niku asale saking pinten-pinten suku bangsa. Suku bangsa wau gadah adat istiadat, seni, budaya, basa, agama lan sejene piyambek-piyambek warisan saking temurun saking leluhure.
Adat istiadat niku kelebu aturan hukum ingkang boten diseret, priyogi kangge njagi ketentraman, negakaken keadilan, lan mbangun kesejahteraan wargane. Tapi sanajah adat istiadat niku mung ngrupaaken hukum ingkang ketulis, kedah ditaati teng anak putune, sebab abot sangsine. Sinten tiange ingkang wangun dibuang adat. Tiang wau pasti angsal hukuman dikeroyok utawi di buang teng daerah sanes.
Mekoten uga kaanah masyarakat carbon. Tiang carbon ugi gadah adat istiadat ingkang kiyat. Priyogine kangge mbentuk kepribadiane. Naming waktos puniki katah tiang carbon ingkang sampun sami majeng lan mung naati peraturan utawi huk ingkang didasari pancasila lan undang-undang dasar 1945. Dasar semonten, taksih katah tiang carbon ingkang nglaksanaaken upacara adat, nuruti aturan tiang sepuhe. Hal ingkang mekoten wau etang-etang ngewontenaken hiburan, utawi ngamalaken sebagian nikmat ingkang ditampi kangge tiang ingkang mriyogiaken pitulungan, nuruti tuntunan agami, sebab upacara adat wau katah-katahe ngrupiaken kewajiban nglaksanaaken sedekahan utawi pesta tanda syukuran.